27-03-202
Lurahé Mukidi siap-siap pidato, maju nang podium, dehem-dehem sedhélok. Ora koyo biasané, bar dehem-dehem saiki terus penthelang-pentheleng ngubengi ruang Balé Deso. Sajak gethem-gethem kaé. Menahan amarah. malah saiki ora mung penthelang-pentheleng, ning tambah pendelak-pendelik barang, cuk. Cah cilik-cilik mesti wis blingsatan nèk weruh guru aksi koyo ngono kuwi. Malah saiki gethem-gethemé ditambah gèdhèg-gèdhèg, koyo-koyo ora percoyo. Ora rampung-rampung gèdhèg-gèdhègé, cuk ..., tambah suwé tambah kenceng. Dadi mandeg gèdhègé soalé dicedhaki karo Pak Èl, ditepuk pundaké. “Sampun gèdhègipun Pak Lur ...,” Pak Èl bisik-bisik nang Lurahé Mukidi. Mergo mik wis murup, dadi yo hadirin mèlu krungu. Bar gèdhèg-gèdhèg mandeg, saiki ganti cak-cek, ngedumel ora jelas kaé cuk. “Ck ... ck ... ck ...," Lurahé ngedumel, ora rampung-rampung, tambah suwé tambah cepet lan banter. Manèh, Pak Èl nyedhaki Lurahé: “Sampun cak-cekipun Pak Lur ...” Hadirin yo mèlu krungu, ning yo mung podho meneng waé. Santai karo slonjor.
Lurahé Mukidi mulai mbukak cathetan, mulai omong banter: “Sedèyèk-sedèyèk, aku jèngkèl! Aku nesu ...! Goblok banget ....” Spontan hadirin ngadeg -tanpo dikomando, bareng-bareng balik kanan. Bubar jalan. Ora nganggo pamit-pamitan. Bubar wae. Likwan sak gerombolan mlaku alon nuju cakruk’é Nyah Ndut. Liyané, ono sing terus mulih omah. Ono sing neruské gawèan nang sawah, nang pasar. Ono sing gagé balik nang sekolahan, neruské ngajar bocah-bocah. Totok mlaku rodo cepet, ninggalké konco-konco. “Kétoké Totok mules kaé Lik ...”
Likwan: “Ya’é, Cuk ...” *** (27-03-2022)