www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

12-03-2019

Pak Tholé siap-siap budhal nang Kelurahan, ono tanggapan péntas seko Pak Lurah Mukidi. Lumayan iso nggo mbayar listrik sesasi. Karo siap-siap Pak Tholé omong nang Mak Tholé: “Lik Kio [1] cuti sik waé yo Mak, lèrèn sik. Karo Sis Pini [2] waé ...”

“Waah nèk kuwi omong dhéwé Pak. Langsung nang Lik Kio waé ... Kiiii lho Lik Kio-né ..... ,” Mak Tholé karo nggendong Lik Kio nyedhak Paké Tholé.

“Lik, kowé nang omah waé ... Lèrèn, istirahat ....” Pak Tholé omong karo Lik Kio. Lik Kio gèdèg kenceng. “Iki maksudé opo?” Pak Tholé takon nang Mak Tholé.

“Ogah .....,” jawab Mak Tholé singkat karo mèsem geli.

Pak Tholé mbalèni ujar: “Dino iki karo Sis Pini waé, Lik Kio istirahat, lèrèn ..... Cuti.” Manèh, Lik Kio gèdèg tambah kenceng. “Ogah ...” Mak Tholé njelaské karo rodo ngampet ngguyu. Ngikik sithik, ik ... ik ... ik.

Pak Tholé ndelok jam, terus waé ngajak Sis Pini lan asistèn budhal nang Kelurahan: “Tulung Lik Kio dikandhani manèh. Cuti waé sik ...” Mak Tholé njawab: “Okélah kalau begitu .....”

Pak Tholé karo rombongan cilik sirkus mini terus numpak angkot. Sedhélok waé wis tekan Kelurahan. Pak Tholé ndelok jam, jebul kegasiken. Jamé kepunjulan sak-jam-an, bedo karo jamé asistèn sing pas maknyus. Mampir tuku gedhang nggo Sis Pini terus ménggok nang Mie Ayam Yu Yatmi ngejak sarapan asistèné.

Tekan Mie Ayam jebul wis dho kumpul sak gerombolan, Likwan, Totok, Kang Yos, Cak Babo, lan Koh Bos. Yu Yatmi langsung unjuk akrab: “Lho Pak Tholé kok gasik?”

Jawab Pak Tholé: “Iyo  Yu, kegasiken. Jamé kesregepen maju sak jam ..”

Kang Yos nimbrung: “Lik Kio kok ora diajak?”

Pak Tholé: “Iyo Kang, Lik Kio lagi cuti ....” Cak Babo ujug-ujug waé inguk-inguk ndelok nang dalan: “Lho Pak, kaé sopo?” Pak Tholé njur mèlu-mèlu inguk-inguk : “Lha kaé kan Maké Tholé karo Lik Kio ....” Pak Tholé terus kongkonan asistèn mapag Maké Tholé sing nggendong Lik Kio.

Make Tholé mèlu mlebu warung, langsung waé Koh Bos takon: “Omongé Bapaké Lik Kio cuti Mak ...”

Mak Tholé: “Lik Kio pancèn angèl kandanané Koh, njaluké mèlu waé ... coba ki takoni dhéwé Koh ...”

Koh Bos karo pecingas-pecingis omong karo Lik Kio :”Ora gelem cuti yooo ....” Lik Kio terus gèdèg kenceng. Totok terus nyambung takon nang Mak Tholé: “Maksudé kuwi opo Mak?”

“Maksudé Lik Kio Tok?” Mak Tholé mestèké.

“Hè’èh Mak ...”

“Maksudé: Ogah ...!” jawab Mak Tholé. Cak Babo sing lungguh cedhak Mak Tholé langsung ngelus-elus gundulé Lik Kio sing isih digendong Mak Tholé: ”Ogah cuti yaaa ....” Lik Kio nunjuk pisang sing nang mejo karo terus gèdèg kenceng. “Ogah ....,” Totok sing nerjemahké.

Mak Tholé terus mèlu pesen mie ayam karo mothès gedang loro nggo Lik Kio.

Ujug-ujug waé HP-né Pak Tholé muni: “Hallo, ooo Pak Lurah, pripun ..., nggih ... nggih... Lakonipun?” Pak Thole njawab telpon karo manthuk-manthuk. Kétoké Pak Lurah Mukidi takon opo sing dadi lakoné ngko pas péntas. Kang Yos unjuk usul terus bisik-bisik nang Pak Tholé, diteruské Pak Tholé nang Pak Lurah Mukidi: “Lakonipun Pak Lurah ... meniko ... : Lik Kio Ogah Cuti ....” *** (12-03-2019)

 

[1] Soal Lik Kio meniko monggo dipun waos : “Pinokio Numpak KRL” wonten ing https://www.pergerakankebangsaan.com/232-Pinokio-Numpak-KRL/

[2] Sis Pini meniko adikipun Lik Kio, namung bènten ibu

Lik Kio Ogah Cuti

gallery/monkey