www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

21-02-2022

Dhung ... dhung .... dhung ..... crèng ... crèng ... Lik Kio njupuk ransel, dipasang nang mburi, terus mlaku khas gaya Lik Kio, sajak koyo ya’-ya’-o dhéwé kaé. Koyo ngganteng-nggantengo dhéwé kaé. Pak’é Tholé terus nabuh kencrèngan, lan nyanyi kanthi sero: “Ayo kèmah ... ayo kèmah ...”.

Lik Kio mandeg-siap-grak, terus ngacungké tangan kiwo ..., spontan penonton sing wis podho dong cerita selanjut-nya, nyambut ‘nyanyian’-é Pak’é Tholé: “Nang kebon ..... nang kebon....

Bar kuwi Lik Kio glèlang-glèlèng, pethita-pethiti, sepisan maneh: koyo ngganteng-nggantengo dhéwé kaé, malah saiki ditambah karo plendas-plendus, mlaku manèh neruské lakon. Pak’é Tholé terus nabuh kencrèngan, lan nyanyi kanthi sero: “Tutupi godhong pring .... tutupi godhong pring ...”

Lik Kio mandeg-siap-grak, terus ngacungké tangan kiwo. Dikomando karo Lik Kio, penonton kanthi semangat neruské ‘nyanyian’-é Pak’é Tholé: “Bèn garing .... bèn garing ..., “[*] *** (21-02-2022)

 

[*] Versi Londo:

Are you sleeping, are you sleeping
Brother John, Brother John?
Morning bells are ringing
Morning bells are dinging
Ding-dang-dong, ding-dang-dong

Lik Kio Budhal Kemah