www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

07-02-2020

Nang pertemuan Balai Désa, Kang Yos ujug-ujug ngadeg karo angkat tangan. Pak [...] terus mempersilahkan Kang Yos nyampèké uneg-uneg: “Pak Lur, warga jan-jan-é niku nolak D,E,F. Pripun niku Pak Lur?”

Pak [...]: “Monggo Pak Lurah ...” Lurah Mukidi terus nyedhak nang podium, otak-atik mik sedhélok terus njawab uneg-unegé Kang Yos: “Nèk aku yo Kang, nèk aku ... podho persis...”

Kang Yos: “Ugi nolak Pak Lur ....”

Lurah Mukidi karo nunjuk nang Kang Yos: “Persis!”

Plok ... plok ... plok ...

Lurah Mukidi lanjut: “Ning yo nunggu rapat karo aparat liyané sik Kang, mbuh ngko piyé ....”

Huuuuuuu .....

Cuk Bowo ganti ngadeg lan angkat tangan: “Pak Lur, warga ugi keganggu soal G,H,I. Pripun niku Pak?”

Lurah Mukidi: “Nèk aku yo Cuk, nèk aku lho ... podho persis...”

Cuk Bowo: “Keganggu Pak Lur ....”

Lurah Mukidi karo nunjuk nang Cuk Bowo: “Persis!”

Plok ... plok ... plok ...

Lurah Mukidi lanjut: “Ning yo nunggu rapat karo aparat liyané sik Cuk, mbuh ngko piyé ....”

Huuuuuuu .....

Mas Amir mèlu-mèlu unjuk tangan: “Pak Lur, warga nggih sampun neg malah sampun kathah ingkang muntah-muntah ...”

“Soal opo mas?” Pak [...] nylonong njaluk penjelasan.

Cak Babo sing njelaské: “Soal J,K, kaliyan W niku Pak...”

Lurah Mukidi: “Nèk aku yo Mas, Cak, nèk aku lho iki ... podho persis...”

Cak Babo: “Neg kalian muntah Pak Lur ....”

Lurah Mukidi karo nunjuk nang Cak Babo: “Persis!”

Plok ... plok ... plok ...

Lurah Mukidi lanjut: “Ning yo nunggu rapat karo aparat liyané sik Cak, mbuh ngko piyé ....”

Huuuuuuu .....

Ujug-ujug waé Lurahé ngawé Pak [...] sing terus nyedhak. Lurah Mukidi bisik-bisik, terus buru-buru balik, metu seko Balai Desa. Pak [...] terus nyedhak nang podium, mbenaké mik, pasang kocomoto: “Bapak ibu, sedhèrèk-sedhèrèk, adik-adik sekaliyan, Pak Lurah nyuwun pamit ... Nyuwun pangapunten ...”

Likwan: “Wonten menopo Pak?”

Mules ..,” jawab Pak [...] singkat.

Totok nang Likwan: “Jebul ora mung neg karo muntah Lik. Komplit sak mèncrèté Lik ...”

Kang Yos: “Pemimpin gombal ....”

Cak Babo: “Kok mung gombal thok Kang, lha Mukiyo-né nang ndi ...”

Cuk Bowo: “Mèlu ngetutké Lurahé Cak ...”

Totok: “Mules-mèncrèt Cuk?

“Hè’èh ya’é ...” *** (07-02-2020) [*]

 

[*] Monggo dipérsani ugi: “Ups, Ketemu Pak Lurah Mukidi”, https://www.pergerakankebangsaan.com/

247-Ups-Ketemu-Pak-Lurah-Mukidi/

Pemimpin Gombal