www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

13-11-2019

Senèn-senèn Puskesmas durung bukak waé wis podho antri. Seko mbah-mbah thuyuk-thuyuk tekan bocah tertib podho baris antri. Koh Bos yo mèlu antri ngeterké ponakané. Nyah Ndut nganti diréwangi tutup warung bèn iso ngeterké anak-anaké. Kang Yos mèlu antri bareng tonggoné, Mas Amir karo cuk-Bowo. Likwan, Totok, Cak Babo nyedhaki Koh Bos, takon: “Koh kok mèlu antri ono opo?”

Koh Bos: “Iki Lik keponakanku arep suntik ....”

Totok: “Mriang Koh?”

“Ora Tok. Ki arep suntik anti-rabiès ...”

“Lha ... nopo kok suntik barang?Sak déso mung ono asu telu, kuwi waé dikandangi ... Opo ono tambahan asu sing pecicilan wira-wiri durung dikandangi?”

Kang Yos sing nerangké: “Kowé wingi mèlu pertemuan nang Balai Désa opo ora Tok?”

Totok: “Ora Kang, wingi karo Likwan, Cak Babo mancing sisan nggolèk uceng nang bendungan ...”

Cak Babo: “Lha opo hubungané karo Balai Désa Kang?”

“Kuwi Cak ... wingi ujug-ujug Lurahé njengat terus omong nèk sopo waé sing ita-itu arep dicokot...”

“Ora nganggo ngréténg kiwo tengen sik?”

“Ora Cak, nylonong waé ... Wis omongé koyo yak-yak-o kaé ...”

Totok: “Nèk ora yak-yak-o pethitha-pethithi dudu Mukidi Cak ....”

“Hè’èh Tok.”

“Isané yo mung yak-yak-o kuwi, Kang. Umpamané di-yak-i tenan ngko yo lusut terus kuwi ...”

Cak Babo: “Maksudé ita-itu opo Kang?”

“Yo mbuh, ora jelas ita-né kuwi maksudé opo, itu-né kuwi sopo. Pokoké kabéh sing ita-itu, ngono Cak.... Ra jelas Lurahé Cak.”

“Sing ita-itu arep dicokot ngono Kang?!”

“Hè’èh Cak ...”

“Lha sing arep nyokot sopo Koh?!”

“Lurahe Tok, sopo manèh ..,” Nyah Ndut sing njawab karo mbesengut. “Wis pokoké nggilani tenan, Tok.”

“Serius ki Nyah ...”

“Lho tenan ki ...” Nyah Ndut tambah mbesengut.

“Nyah Ndut yo mèlu suntik?”

“Iyo Tok. Sedia payung sebelum hujan ... Wis kojur tenan iki, nasib duwé Lurah pekok, Tok .... kabèh dadi repot ngéné ...”

“Hè’èh Nyah ... Lha mbiyèn milih Lurahé opo ora Nyah?!”

“Ora sudi Tok. Lurahé kuwi menang kan mergo urik sak-pol-pol-é. Wis jan kojur tenan iki ... nasib ... nasib ....”

Cak Babo: “Kuwi nggowo penthungan nggo opo Nyah?”

Sedia penthungan sebelum dicokot Cak .... Nyedhak gebuk!!” Nyah Ndut dadi ambegané tambah cepet. Nesu tenan iki. Koh Bos alon-alon terus jaga jarak .... Mèlu kepenthung bénjol-benjut ngko. *** (13-11-2019)

Tak Cokot Kowé ...

gallery/dog teeth
gallery/dog bite