www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

31-05-2019

Tulung digawé sing maknyus, Cak ...,” Lurahé Mukidi omong nang Cak - - -, spésialis potong rambut.

“Ingkang maknyus menopo ingkang maknyos, Pak Lur ...”

Lho nèk ono sing maknyos yo maknyos to Cak, kan arep Lebaran ...

Karo aksi motong Cak - - - ngobrol ngalor ngidul : “Wah Pak Lur, tikèt mudik larang, mahal pak...”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ...”

Cak - - -: “ Mboten mung tikèt Pak, bawang nggih larang pak ....”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ....”

“Critoné Kang Yos, pesawat nggih édan-édanan tikètipun Pak Lur...”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ....

“Kréto ...”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ....”

“Pak, modèl ingkang maknyos niku nang wingking wonten tulisanipun ...”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ....

“Niki mboten soal tikèt nopo liyané Pak Lur, soal gaya rambut ingkang maknyos niku ...”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ....”

“Niki kulo paringi tulisan huruf-huruf nggih ....”

Lurahé meneng waé, Cak - - - terus beraksi. Digawé tulisan nang bagian mburi sirah, lan sedélok waé wis rampung.

Cak - - -: “Sampun rampung Pak Lur, gaya rambut maknyos-ipun...”

Lurah Mukidi: “O iyo to Cak, gèk ngerti iki aku ....”

“Cobi dipérsani ngagem pengilon ngajeng niku  ...”

Pak Lurah Mukidi terus ngadeg, ménga-méngo péngin ndelok tulisan sing nang mburi sirah. Pak Lurah mésam-mèsem puas-mantab karo gaya maknyosé Cak - - -, luwih-luwih seko pengilon Lurahé Mukidi weruh tulisan U S A. Piyé ora pethunthang-pethunthung lha nang mburi ono tulisané U S A, Amerika dab, gak main-main. Lurahé ora sadar nèk kuwi didelok seko pengilon, terus takon nang Cak - - - : “Cak. kok huruf S-é kuwalik .......”

Dijawab Cak --- : “Wooo niku modél sing paling maknyos joss gandhos pak ...”

Pak Lurah manthuk-manthuk, mulih karo tetap pethunthang-pethunthung koyo yak-yak-o kaé dab. Wis njelèhi tenan kaé. Marahi mules waé .... *** (31-05-2019)

"U S A" Made In Cak - - -

gallery/cukur