www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

23-12-2022

Perayaan ulang tahun SD [...] dibukak jogèd modèren seko cah-cah kelas 6, bar kuwi diteruské jogèdané murid kelas 1. Apik banget. Bar kuwi Lurahé Mukidi terus dipersilahkan maju kasih sambutan. Plok ... plok ... plok ...

Lurahé mbukak cathetan, dehem-dehem sedhélok, mbenaké mik, terus mulai moco cathetan sambutan sing digawé Pak Èl. “Judul sambutan ....” Plok ... plok .... plok ... Lurahé ulang-lanjut : “Judul sambutan ....” Plok .... plok .... plok ....

Lurahe mandeg sedhélok, terus lanjut : “Sithik-sithik kok aku ....”

Plok ... plok .... plok ...

Ono ngéné ... sing dituding aku ....”

Plok .... plok ..... plok ....

Ono ngono .. sing ditunjuk aku ...

Plok .... plok ..... plok ...

Kaé kayang terus kecethit ... podho méngo nang aku ....”

Plok .....plok .... plok ....

Kuwi pecicilan .. dho mlirik aku ...”

Plok .... plok ..... plok ...

Dia begitu ...., podho menthelengi aku ....”

Plok ... plok .... plok ...

Dia begini ... dikironé kuwi mergo aku ....”

Plok .... plok .... plok ....

“Sekian, selamat ulang tahun ....”

Plok .... plok .... plok ...

Lurahé Mukidi turun panggung, diteruské péntas deklamasi murid-murid kelas 2. Apik banget. Plok ... plok .... plok .... *** (23-12-2022)

Dikit-dikit Kok Aku