www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

19-07-2022

Nang Balé Déso, sore jam papat-an rodo gayeng, cah cilik-cilik, termasuk ponakané Koh Bos podho nglumpuk nang téras Balé Déso. Ndelok karo ndodok latihan pidatoné Lurahé Mukidi. Sing nglatih Pak Èl, koyo biasané. Kertas isi pidato wis dicekel Lurahé nggo tangan kiwo. Lurahé Mukidi siap-siap omong ... ujug-ujug cah-cah cilik mau kuwi terus kompak keplok. Plok ... plok ... plok ... plok ... Lurahé Mukidi terus méngo karo mendelik. Arèk-arèk cilik terus meneng, karo sénggol-sénggolan. “Kowé ki sing mulai ...” Jawab liyané: “Dudu aku, kaé lho ponakané Koh Bos ...” Ponakané Koh Bos sing ditunjuk terus mengo kiwo, jebul ora ono sopo-sopo manèh. Terus pecingas-pecingis waé. “Ayo mulai Pak Lur ....,” Pak Èl kasih komando.

Lurahé Mukidi terus ambil napas, dehem-dehem dhisik, gaya mbenaké kacamata, terus nyedhak mik. Gèk arep mulai ujug-ujug waé ono sing keplok, ponakané Koh Bos. Pancèn cah ndableg tenan kuwi. Lurahé Mukidi spontan mèngo karo mendelik manèh. Ponakané Koh Bos terus garuk-garuk sirah, omong nang konco-konconé kanthi lugu-lugu asu: “Tak kiro wis mulai ...”

“Ayo lanjut Pak Lur ....,” Pak Èl kasih komando.

“Sedèyèk-sedèyèk ....,” Lurahé Mukidi mulai latihan pidato.

Plok ... plok ... plok ... Cah-cah cilik sing dho nonton spontan keplok bareng. Lurahé tambah semangat.

“Sedèyèk .... sedèyèèèk!” Tambah banter Lurahe omongé.

Plok ... plok .... plok ...

“Kita harus punya sèns op krisis!”

Plok .... plok .... plok ...

“Setop ... setop ....,” Pak Èl nyetop latihan. “Pak Lur, pas niku karo mendelik-mendelik pak ...”

“Bèn ketok berwibawa?”

“Nggih pak Lur ... Ulang ....”

Sak durungé lanjut latihan, ujug-ujug hapéné Pak Èl muni, ono dadakan sing kudu dirampungi. “Pak Lur latihan piyambak, nggih ....” Pak Èl terus pamit.

“Oké ... oké ...,” Lurahé Mukidi njawab manteb.

Bar Pak Èl ora ketok manèh, Lurahé Mukidi lanjut latihan dhéwé, omong: “harus punya sèns op krisis” saiki karo mendelik-mendelik. Plok ... plok .... plok ... Ponakané Koh Bos mbengok: “Methènthèng ...”

Gagé Lurahé omong “harus punya sèns op krisis” dibarengi karo mendelik-mendelik, saiki tambah methènthèng tangané. Plok ... plok ... plok ...

Bocah jèjèré sisih tengen ponakanè Koh Bos mèlu-mèlu mbengok: “Tangan ngacuuuung ....”

Gagé Lurahé omong “harus punya sèns op krisis” dibarengi karo mendelik, saiki tangan tengen methènthèng, tangan kiwo ngacung nang nduwur. Koyo nèk pas kampanye kaé. Plok ... plok ... plok ....

Ora gelem kalah, bocah ngarepé ponakané Koh Bos mbengok banter: “Kayang .... kayang ....”

Meneng sedhelok, ning gagé waé Lurahé omong “harus punya sèns op krisis” dibarengi karo mendelik, tambah methènthèng tangan tengené, tambah kayang! Jaganan tangan kiwo. Plok ... plok ... plok ...

Bocah sing ndodok nang pojok ora gelem kalah, mbengok sak kayangé: “Klèkaran .... klèkaran ...” Bocah pojok sijiné nambahi: “Karo merem .... merem ...”

Gagé Lurahé omong “harus punya sèns op krisis” dibarengi karo klèkaran santai, plus merem, ora mendelik-mendelik manèh. Merem, cuk.

Sepi ... ora ono sing keplok. Lurahé Mukide melèk, méngo ngarep, bocah-bocah wis ora ono manèh. Clingukan kiwo tengen, resik ora ono sing nonton. Gèk menyat arep ngadeg, ujug-ujug cah-cah cilik mau seko mburiné Lurahé Mukidi kompak nggetak bareng: “Baaaa ....! Terus podho mlayu nggenjrit, mulih. Karo podho cekakakan kaé. Ponakané Koh Bos malah mbengok sero karo mlayu: “Ngibuuuul!” Liyane ono sing mbengok: “Entuuuut!”

Dingonoke kuwi Lurahé kagèt setengah mati, tratapan, terus misuh-misuh, nuding-nuding: “Bocah ora ngerti sèns op krisiiis!” Mbengok karo mendelik-mendelik. Persis koyo sing dikarepké karo Pak Èl. Lurahé Mukidi terus njupuk kayu cilik si gemlèthak nang tèras, dibalangké nang bocah-bocah kuwi, ponakané Koh Bos kètoké sing diarah. Tidak kenaaa ... Njupuk kayu cilik manèh, sing diarah sing mburi dhéwé ...., tidak kenaaa ... Nang njero Balé Déso ono bocah gèk diajak mak’é ono urusan, nggowo plinthengan. Plinthengan direbut, nggolèk watu cilik, bocah-bocah mbedig mau arep diplintheng. Ning wis podho ora kètok, wis dho metu seko pager Balé Déso. Karo prengat-prengut, Lurahé mlintheng cagak gendero, sing jaraké limang meteran seko teras Balé Déso. Wuuuzzz ..., tidak kena jugaaa ... Tambah mangkel, weruh bekas pipo lèdeng ukuran sak inci, dowoné sak meteran, dijupuk terus Lurahé mlaku nyedhak cagak gendero. Cagak gendero sing ora ngerti opo-opo, ora ngerti urusan kuwi, terus dithuthuk nganggo pipo lèdeng. The Ènd. *** (19-07-2022)

 

Kita Harus Punya 'Sense of Crisis'