www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

17-08-2021

“Kok lemes Tok, wawancarané piyé Tok?” Nyah Ndut takon nang Totok.

“Wah kacau-kacau Nyah ....” jawab Totok karo lemes.

“Lho kok kacau, critané njor piyé?” Likwan mèlu penasaran.

Kang Yos: “Wawancara kerjo nang peternakan pitik kuwi Tok?”

“Hè’èh Kang ...”

“Lha kacau-né soal opo?” Cak Babo wis ora sabar.

“Cuk Bowo kuwi lho masalahé ...,” Totok karo mlirik nang Cuk Bowo.

“Lhaaah kok aku manèèèh ...”

“Memang kok Cuk. Kuwi lho Cuk soal Salus Pitik Suprema Lex, sesuai karo saranmu kaé lho Cuk ...”

Mas Amir dadi gatel: “Lho kan sing bener Salus Populi Suprema Lex ...”

“Lha mergo arep wawancara nang peternakan pitik, disaranké karo Cuk Bowo dadi Salus Pitik Suprema Lex kuwi Mas ...”

“Terus malah dadi kacau, ngono yo Tok ..”

“Hè’èh Nyah ...’

“Lho kan apik kuwi to ...” Nyah Ndut tambah penasaran, lanjut Nyah Ndut: “Kan maksudé ‘keselamatan pitik adalah hukum tertinggi’ ....”

“Masalahé kuwi ngéné Nyah ....,” Totok mulai njelaské, nyruput kopi dhisik, nyedot udut, terus éthok-éthok mbenakké kocomoto, padalo ora nganggo kocomoto. Cuk Bowo: “Halaaah ora usah tiru-tiru Kang Yos. Langsung waé Tok!”

Totok plendas-plendus terus mulai njelaské. Tahun wingi peternakan pitik yo bukak penerimaan pegawai anyar, Bu [...] sing duwé peternakan wawancara langsung, koyo biasané. Ono calon, sebut waé Cuk X, mèlu wawancara. Lha pas wawancara Bu [...] dadi kesengsem karo jawabané Cuk X kuwi. “Lha jawaban sing marahi Bu [...] dadi lemes kuwi opo Tok?” Nyah Ndut ora sabar.

“Lha kuwi Nyah ... Salus Pitik Suprema Lex kuwi ...” Cuk X terus ditompo kerjo nang peternakan luwih mergo omongan sing marahi Bu [...] dadi kesengsem kuwi. Bayangké nang peternakan pitik ono calon sing omong : ’keselamatan pitik adalah hukum tertinggi’. Masalahé mulai muncul, wayahé jam nyebar pakan, Cuk X malah main selfi-selfi karo nggawé video kanggo kontèn med-sos. Wis jan kucluk tenan kuwi. “Bu [...] ngerti opo ora kuwi Tok?”

‘Akhiré ngerti Nyah, konangan, malah OTT Nyah ...”

“Terus ngamuk Tok?”

“Arep ngamuk jan-jané, ning arep ngamuk Cuk X terus ujar kuwi mau: Salus Pitik Suprema Lex ... Terus ora sido ngamuk”

“Dadi lemes Tok?!”

“Hè’èh Nyah ...”

Totok lanjut crito. Limang sasi wingi kan ono wabah flu pitik Nyah, akèh sing dho thelé-thelé pitiké, nafsu mangan dho kurung, ketok dho ora sehat pitiké. Lha kok Cuk X malah mlaku-mlaku koyo yak-yak-o, mlaku dhèwè’an nang ngarep kandang, trus njaluk tulung Kang Y nyuting gegayaané Cuk X kuwi. Wis koyo gaya pejabat nèk ninjau bencana kaé. Kucluk tenan kuwi. “Terus konangan, OTT manèh Nyah ...”

“Terus Bu [...] ngamuk Tok?”

“Arep ngamuk jan-jané, ning arep ngamuk Cuk X terus ujar kuwi mau: Salus Pitik Suprema Lex ... Ora sido ngamuk Nyah ...”

“Dadi lemes Tok?!”

“Hè’èh Nyah ...”

Pengalaman ono wabah flu pitik, rong sasi kepungkur terus Bu [...] mulai program vaksin pitik Nyah. Ngono kuwi yo Nyah, wis OTT ping pindho kok yo dibalèni manèh.

“Maksudé piyé Tok?” Nyah Ndut terus nyedhak.

Totok: “Lha kuwi Nyah, vaksin sing regané mung x rupiah, diakoké x+y rupiah Nyah.”

“Bu [...] yo ngerti Tok?”

“Awal-awalé ora ngerti Nyah nèk diapusi..”. Ning pas nang pasar ketemu Mr B sing dodolan vaksin, terus ngobrol, Bu [...] dadi ngerti nèk jebul Cuk X kuwi uriké pol. Bu [...] gagé mulih lan lungo kandang. Nesu Nyah. Luwih-luwih pas tekan kandang weruh Cuk X malah gèk selfa-selfi nang ngarepé Kang Y sing sibuk dhéwé maksin pitik-pitiké kuwi. Aksi juragan kaé. Tambah nesu to Bu [...]. Tekan ngarepé Cuk X, Bu [...] karo nahan emosi crito nèk bar ketemu Mr. B nang pasar. Cuk X mulai blingsatan, ngerti nèk tipu-tipu soal rego vaksi konangan .... “OTT maneh Nyah”, Totok njelaské nang Nyah Ndut.

“Ngono kuwi yo Nyah, dibalèni manèh siasat-taktik-strateginé Cuk X kuwi, terus dè’é omong .... “

Nyah Ndut sing neruské: “Salus Pitik Suprema Lex .. “

“Hè’èh Nyah .., persis ...”

“Terus Bu [...] dadi lemes, ngono yo Tok ...”

“Ora Nyah ...” Totok terus lanjut crito, nèk Bu [...] wis ora iso nahan emosi, omongan Salus Pitik Suprema Lex wis ora mempan. Malah marahi tambah nesu waé. Bu [..] terus ngranggèh ember isi banyu sing nggo ngombe pitik, dikapyuké nang rai-né Cuk X, karo ujar sero: “Ayo omong kuwi manèh ... omong kuwi manèh Cuk !!” Cuk X langsung balik kanan weruh Bu [...] sing terus ngranggèh penthung. Mlayu terus dioyak karo Bu [...] karo ujar sero: “Ayo omong kuwi manèh Cuk ... omong manèh ... tak gebuk kowé ...” Ngono Nyah critoné kuwi.

“Ngono yo Tok?”

“Hè’èh Nyah ...”

“Nesu tenan Bu [...] ...”

“Iyo Nyah, luwih-luwih sakdurungé lunga pasar ketemu Mr. B kuwi Bu [...] nonton TV dhisik ...”

“Lha nang TV ono opo kok marahi Bu [...] tambah gambang nesu?”

“Kuwi lho Nyah, ono siaran langsung pidatoné Lurahé Mukidi ..”

“Pidato pitulasan kuwi Tok?” Koh Bos mèlu nimbrung.

“Hè’èh Koh ...”

Kang Yos nyelo: “Lho, Cuk X kuwi kan ponakané Cuk Bowo?”

“Ooo iyo Kang ... Cuk, bener kuwi ponakanmu?”

Jebul Cuk Bowo wis ngilang, ora pamit. Gombal tenan. *** (17-08-2021)

Salus Pitik Suprema Lex