www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

28-11-2020

Kang sok isih main twiter-twiteran?” Nyah Ndut takon nang Kang Yos

Kadang Nyah ... ono opo?”

Iki lho ono cuitan seko Kang Zoel ...” Nyah Ndut terus moco twiterané seko Kang Zoel. “Prihatin, 70 orang calon kepala daerah terinfeksi Covid19, 4 orang diantaranya meninggal dunia. 100 orang penyelenggara termasuk Ketua KPU RI terinfeksi. Betapa besar pengorbanan untuk demokrasi. Perketat protokol kesehatan. Semoga wabah ini cepat berlalu.[1]

Kapan kuwi Nyah,” Likwan mulai penasaran.

Lagi waé Lik ... Mèlu prihatin Lik ... Durung kuwi petugas-petugasé ...”

Hè’èh Nyah ... podho ...”

Ngerti gèk wabah kok pilkada-pilkadanan ...”

Mbuh kuwi Nyah ....,” Cak Babo nimbrung.

Uteké ki nang ndi ...”

Mbuh kuwi Nyah ....,” Mas Amir mèlu komentar.

Atiné ki dho nang ndi ...”

Mbuh kuwi Nyah ...,” Cuk Bowo antri nimbrung.

Kok iso-isoné moto picek ..!” Suara mulai meninggi.

Mbuh kuwi Nyah ...,” Koh Bos ora gelem kalah, mèlu nimbrung. Alon-alon gèsèr lungguhé, ngadoh sithik seko Nyah Ndut. Jaga jarak.

Budeg..., budeg!!” Nyah Ndut suwé-suwé tambah njengat. “Wis ... pancèn asu kabèh!!!”

Totok: “Setuju Nyaaah ....”

“Blistering barnacles!!!!”

Opo kuwi Nyah?” Cuk Bowo takon.

Asu kabèh, Cuk ...”

*** (28-11-2020)

 

[1] https://twitter.com/hamdanzoelva

/status/1332264519138045953

Prihatin