www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

25-11-2020

Kang maksudé tebang pilih kuwi opo?” Totok takon nang Kang Yos.

Kang Yos nyruput kopi dhisik, nyumet rokok Magnum Filter, mbenaké kocomoto ... Totok ora sronto: “Kang ditakoni kok malah nglaras ...”

Cuk Bowo: “Mengko dhisik Tok sabar ..., Kang Yos kuwi pancèn ngono kuwi ...”

Ngono yo cuk ...”

“Hè’èh Tok ...”

“Kuwi maksudé ngéné Tok ....,” Kang Yos nyruput kopi manèh, nyedot rokok, mbenaké kocomoto. Totok nang Cuk Bowo bisik-bisik: “Ngono-né kok suwi cuk. Dibolan-balèni manèh ...”

Likwan sing mèlu nggatèké obrolan terus nimbrung: “Sabar Toook, sabaaar ....”

Tebang pilih kuwi .... Koh ... kebon jatiné wis di-’tebang pilih’ durung?” Kang Yos malah takon nang Koh Bos.

Koh Bos: “Wis kang, minggu wingi ...”

Lha maksudé kuwi Tok,” Kang Yos mulai nerangké. “Kebon jatiné Koh Bos kuwi mulai diarang-arangké. Sing ora lurus tur cedhak-cedhak karo sing apik ditegor, bèn sing apik-lurus iso dadi gedé ora keganggu...

Dipilih-pilih, terus ditegor bèn jarak jati siji lan sijiné cukup nggo gedéné jati sing apik, ngono yo mas ...” Totok mulai dong.

Hè’èh, betul sekali ...”

Totok isih penasaran: “Dadi jan-jané ... jebul podho klèru yo ...”

Cak Babo: “Klèru soal apo Tok?”

Wingi ono glenikan soal penegakan hukum cak...,” Totok mulai serius. “Podho  grundelan nèk saiki ki soal hukum wis tebang pilih ...”

Ngono yo Tok ...,” Mas Amir nimbrung. Lanjut: “Pancén klèru kuwi, dudu tebang pilih istilahé ...”

Lha terus istilahé opo mas?”

“Asu kabèh ...”

“Ngono yo mas ...”

“Ya’é.”

“Ya’é lho kuwi Toook ...”

“Ngono yo cuk ..”

“Nèk ra ...” *** (25-11-2020)

Tebang Pilih