www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

17-11-2020

Ujug-ujug waé kumpulan nang Balé Déso bubar. Hadirin podho balik kanan bubar jalan. Karo roto-roto dho mithet irung. Nyah Ndut malah nganggo sapu tangan nutupi irung. Mlaku cepet soalé ditambah mungkak-mungkuk rasané arep muntah. Hooèèèèk .... Hoooèèèèk ..... Lha tenan to ..., Nyah Ndut muntah-muntah nang pinggir dalan. Untung wis cedhak cakruk sing dititipké anaké sing gedhé dhéwé. Cepet-cepet mlebu cakruk, kemu-kemu terus ngombé teh tawar anget. Nyah Ndut lungguh, terus kepet-kepet, sumuk. Lèyèh-lèyèh sikil slonjor, alon ngunjal ambegan.

Ujug-ujug waé Nyah Ndut ngadeg, lan ngibrit pecicilan cincing jarit setengah mlayu nang mburi cakruk. Langsung waé, hooèèèèk .... hoooèèèèk....., muntah-muntah manèh. Kemu-kemu terus ngombé tèh tawar anget manèh. Totok nawarké kerokan, Nyah Ndut oké-oké waé. Bar dikeroki gulu mburi tekan githok Nyah Ndut dadi luwih kepénak. Wis ora ngunjal-ngunjal ambegan manèh. Ora mungkak-mungkuk manèh. Totok mulai nggoda; “Telat Nyah?”

Telat gundulmu Tok ... putu loro ..”

Telat sarapan maksudé Nyah ...” Cuk Bowo nggenahké.

Ora Cuk, mau sarapan sego gudeg karo suwiran.”

Lha kok muntah-muntah?” Koh Bos penasaran.

Pertemuan nang Balé Déso kuwi Koh ...” Nyah Ndut terus crito soal Lurahé Mukidi pidato. Pas Lurahé omong “keselamatan .... hukum tertinggi”, langsung waé ono sing ngentut. Banter, sak ruangan podho krungu. Dhuuut, ngono kuwi kiro-kiro. Totok penasaran: “Kok keselamatan ona-anu Nyah, jelasé opo?”

Ora dong Tok, angger pas omong kuwi Lurahé terus koyo-koyo-o dadi pélo ngono. Ora cetho,” Nyah Ndut njelaské.

Terus ono sing ngentut Nyah?” Likwan mèlu penasaran. Soal entuté.

Hè’èh Lik. Terus dibalèni manèh omong : keselamatan anu hukum tertinggi ..., tambah banter omongé Lurahé Lik ...

Sing ngentut yo tambah banter?” Cak Babo nimbrung.

Hè’èh Cak. Tambah sero, tambah akèh ugo, wis kojur tenan Cak  .. Malah ono sing ngentuté suwi ora rampung-rampung ....”

Koyo nèk Kang Yos pas nyanyi Nyah?” Totok karo mlirik Kang Yos.

Nèk ra Tok ...,” Nyah Ndut nyambung.

Lurahé terus mandeg pidatoné?” Kang Yos nyoba ngalihké perhatian.

Ora Kang, malah dibalèni, tambah sero manèh ... malah karo angkat tangan barang. Wis kojur tenan iki .. Ora podho keplok malah saiki sak Balé Déso podho ngentut kabèh Kang.... Wis kojur tenan ...., peté, jengkol, pelem, durèn campur aduk. Malah ketoké ono sing mèlu metu ... Prat-prèt ora karu-karuan ...”

Totok: “Metu bareng entuté kuwi Nyah?”

Hè’èh Tok. Wis kojur tenan. Akhiré dho ora tahan, bubar jalan Tok.” Nyah Ndut terus takon nang Mas Amir: “Mas, jan-jané kuwi keselamatané sopo to ... Kok Lurahe semangat banget ...?”

Kuwi asliné seko boso Londo Nyah,” jawab Mas Amir.

Totok penasaran” “Piyé boso Londoné Mas?”

Mas Amir nyruput kopi, nyedot rokok lan mbenaké kocomoto: “Boso Londoné kuwi: salus oligarkhi suprema lex ...”

“Ngono yo Mas.”

“Ya’é ...” *** (17-11-2020)

Keselamatan Anu Hukum Tertinggi