www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

29-06-2020

Déso lagi gègèr. Komplèks sekolah [X] sing nang pinggir déso di-lok-don total. Seko TK-SD-SMP tekan SMA, murid-guru ora olèh mlebu sekolah dhisik. Pak Dokter Puskesmas yo isih rodo bingung soalé gejalané macem-macem. Masalah mulai seko kelas 7A, kelasé ponakané Koh Bos. Gejalané ono sing ujug-ujug muntah-muntah. Ono sing tambah mèncrèt. Sing mèncrèt-mèncrèt thok yo akèh. Sing gawanané asma dadi kumat sesegé. Ono sing wahing-wahing karo mèlèr ora iso diampet nganti irungé dadi abang perih. Malah ono siji-loro sing terus dadi piyé, kosong pandangané. Diajak omong malah terus cekikikan. Ning seko kabèh kuwi mau ora ono sing nganggo panas. Anèh, omongé pak dokter.

Bar ditelisik-telisik akhiré ketemu nèk masalahé kuwi mulai seko pelajaran Boso Jowo. Guruné sing ngajar Bu [...], adiné Nyah Ndut sing cilik dhéwé. Miturut Bu [...] jam pelajaran wektu kuwi bab: Latihan drama. Persisé bab ngamuk. Latihan ngamuk, latihan nesu.Menopo mergi niku terus podho kebablasen bu?” Pak Dokter takon nang Bu [...].

Mboten dok, minggu wingi nggih soal latihan drama, bab latihan ngamuk meniko. Latihan nesu ... baik-baik saja ...,” Bu [...] njelaské alon-alon.

“Ada yang beda dengan yang minggu lalu?”

Ujug-ujug waé Bu [...] terus kèlingan: “Oooo, mungkin niku Pak Dokter ....

Menopo, bu?!” Pak Dokter dadi penasaran.

Niku lho, kulo setèlké vidéoné Lurahé Mukidi ingkang ngamuk-ngamuk niku ...”

Ingkang 10 menit ngamuk-ngamuk teng ngajengé perangkat deso niku?”

Nggih, nggih ... leres niku Pak dok ...”

Tasih wonten CD-né bu?”

Bu [....] terus nggolèki CD nang lemari, terus diaturké nang Pak Dokter Puskemas. “Meniko dok.” CD ditompo, dipothès dadi loro terus dibuang nang tempat sampah. Bu [...] dadi terus mlongo plenggongan: “Lho kok terus dibuang teng tempat sampah dok...”

Lha niku obaté bu. Cobi murid-murid dikandani nèk CD-né Pak Lurah Mukidi ngamuk-ngamuk sampun dibuang nang tempat sampah ... mangké kan podho mari, podhoe sehat piyambak-piyambak. Sehat-waras kembali ...”

Ngoten niku nggih Pak dok ...”

Nggih Bu, leres. Dicobi mawon.”

Vidéoné niku malah dados sumber penyakitipun, nggih Pak Dokter?”

Leres bu, ngrusak mawon. Blas mboten saged di-gugu lan di-tiru...*** (29-06-2020)

Lok-don Total