www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

29-06-2020

Lagi ngobrol ngalor-ngidul-ngétan-ngulon nang cakruk, ujug-ujug waé Nyah Ndut nyelo: “Kang, bèdané réputasi karo ngapusi kuwi opo to ...”

Totok motong waé: “Lha kadingarèn Nyah Ndut takon soal ré-pu-ta-si...”

Opo ora olèh Tok?! Nyah Ndut rodo njengat.

Cuk Bowo sing nengahi: “Totoook ... ayo diaaam ...” Totok trus meneng karo rodo prengat-prengut.

Koh Bos: “Soal Lurahé Mukidi yo Nyah ...

“Hè’èh Koh.”

Nang déso pancèn lagi ono kasak-kusuk anyar soal Lurahé Mukidi. Nang endi-endi waé Lurahe omong: “Saya pertaruhkan reputasi saya.” Tuku rokok nang kios sakdurungé mbayar yo omong dhisik: “Saya pertaruhkan reputasi saya.”  Pidato nang ngantènan yo ditutup nganggo: “Saya pertaruhkan reputasi saya.” Ora mung kuwi, tekan layatan yo omong: “Saya pertaruhkan reputasi saya.”

Kang Yos njupuk rokok, nyruput kopi, terus mulai nerangké: “Réputasi kuwi yo Nyah, asliné seko boso Londo ...”

Londo ngendi Kang?”

Londo di-dong kaé lho Nyah,” Likwan sing njelaské.

Kang Yos neruské: “Réputasi kuwi sekoditambah putaré ...” Kang Yos isep rokok ndisik trus nyruput kopi manéh. “Ré kuwi artiné dibolan-balèni Nyah ... di-ulang-ulang.”

Lha terus sijiné kuwi maksudé opo kang?”

Macem-macem Nyah. Iso bab titis nèk ngiro-ngiro, nèk kerjo mak nyus, macem-macemlah.”

Mergo sing ngono-ngono kuwi dibolan-balèni terus kuwi dadi réputasi-né, ngono yo Kang?”

“Hè’èh Nyah.”

Oooo panteees..”

Ono opo kok pontas-pantes Nyah?” Cak Babo penasaran.

Nyah Ndut terus njelaské alon-alon: “Wingi soré lho Cak, Lurahé Mukidi kongkonan Pak [...] tuku kopi nang kéné, dibungkus. Terus Pak [...] mbukak kepèkan, diwoco, persis koyo omongané Lurahé kuwi, Cak: Saya pertaruhkan reputasi saya..... Ngono Cak.... Lha bar Pak [...] mungkur ... kok seko mburi ono sing nylethuk: ngapusiiii ... kagèt to aku, Cak.”

Sopo sing usil kuwi Nyah ...?” Likwan penasaran.

Tak inguk Lik ... Jebul ponakané Koh Bos kuwiii ... Terus mlayu nggenjrit karo cekaka’an ....”

Koh Bos: “Bener kuwi Nyah ...?”

Bener kuwi Koh ..., saya pertaruhkan reputasi saya ... Pecas ndahé tenan, Koh ...,” Jawab Nyah Ndut karo pecingas-pecingis.

Terus Nyah Ndut péngin ngerti bèdané reputasi karo ngapusi kuwi?” Cak Babo nyambung.

“Hè’èh Cak.”

Totok gatel terus nyahut karo yak-yak-o: “Kuwi maksudé ngéné Nyah, réputasi-né Lurahé yo ngapusi kuwi ...”

Ngono yo Tok.”

“Hè’èh Nyah.”

Tambah pinter kowé Tok ...”

“Hè’èh Nyah,” Totok terus nyruput kopi karo plendas-plendus.

Cuk Bowo nimpali: “Totoook ... ayo diaaam ....”

Tambah plendas-plendus, Totok: “Rokok-é, Cuk ...”

“Oké-lah kalo begitu ....” *** (29-06-2020)

Reputasi