www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

19-05-2020

Kiro-kiro jam telunan nang ngarep Balé Déso gayeng ramé banget. Nganti mubeng rong lapis podho cekikikan, cekèkèkan bareng. Kompak. Ora mung cekikikan-cekèkèan bareng cuk, nganti cekakakan malah. Yu Yatmi mie ayam nganti kepentut-pentut. Mugo-mugo waé ora ono sing mèlu metu ‘menghirup udara segar’. Prat-prèt-dhut kena-keno waé ... okélah kalo begitu, no problema, ning angger ora terus mak-cret. Blaik tenan nèk terus mak-cret. Ambuné … nggilani tenan kuwi, iso marahi semaput, cuk. Keponakané Koh Bos yo nganti kejlungup-jlungup ngakak-ngakak ora entèk-entèk. Wis pokoké gayeng tenan. Gayeng nonton polahé Lik Kio sing lakoné karo Paké Tholé diputuské dadi: Lik Kio Baca Puisi.

Crèng-crèng-crèng …. bumi gonjang ganjing langit …. “Wah tambah gaya ki Paké Tholé…,” Totok nylethuk.

Kang Yos sing jawab: “Soalé lakoné Lik Kio Baca Puisi, Tok ..”

Paké Tholé terus ngetoké kertas sing ono tulisané seko kantong klambi sisih kiwo. Totok komentar manèh: “Waaah kadingarèn nggowo kepèkan ….”

Kang Yos sing jawab: “Soalé lakoné Lik Kio Baca …”

Totok terus cepet motong: “Baca puisi Kang …”

Hè’èh Tok …,” jawab Kang Yos karo plendas plendus.

Crèng … crèng … crèng … “Lik Kio Baca Puisi ….,” Paké Tholé mulai beraksi. Lik Kio terus nyedhak kotak sing ono nang tengah-tengah penonton, ancik-ancik nang dhuwuré. Tangan kiwo nyekel kertas fotokopiné sing digowo Paké Tholé. Dadi yo ono tulisané ugo, cuk. Begitu Paké Tholé rampung omong, Lik Kio angkat tangan tengen koyo-koyo-o sing moco kuwi dè’é waé. Ciamik tenan aksiné Lik Kio, cuk. Tambah mripat kiwo-tengen mentheleng (ora mung siji thok cuk, angèl kuwi) sajak serius-serius-o kaé. Sis Pini (adiné Lik Kio, bédo ibu) sing ngadeg nang cedhaké Maké Tholé nganti keplok-tangan-keplok-sikil ora rampung-rampung, terus salto cuk. Wis trampil tenan Sis Pini nèk ngono kuwi. Cuk Bowo ora wani kon salto ngono kuwi. Trimo mboten. Opo manèh Lik Wan.

Crèng … crèng … crèng … dhung – crèng – dhung –crèng …, Paké Tholé neruské: “Ora arep impar-impor …!” Langsung Lik Kio angkat tangan tengen, mripat kiwo-tengen mentheleng. Crèng … crèng … crèng … Di luar dugaan, penonton karo nunjuk nang Lik Kio kompak mbengok: “Entuuut ….”

Crèng … crèng … crèng … dhung – crèng – dhung –crèng …, Paké Tholé: “Memuliakan petani …! Lik Kio angkat tangan tengen, mripat kiwo-tengen mentheleng.

Penonton karo nunjuk Lik Kio: “Entuuut …”

Crèng … crèng … crèng …, Paké Tholé: “Ciptakan 10 juta lapangan kerja …” Lik Kio angkat tangan tengen.

Penonton: “Entuuut …”

Paké Tholé: “Tiga juta lahan pertanian ….” Lik Kio angkat tangan tengen.

Penonton: “Entuuut …

Ora bagi-bagi kekuasaan …” Lik Kio angkat tangan tengen.

Entuuut …”

Hukum tegak mak-nyos…” Lik Kio angkat tangan tengen.

Entuuut …”

Aku kagèt …. aku héran …” Lik Kio angkat tangan tengen.

Entuuut …. entuuut …”

50 juta masker …” Lik Kio angkat tangan tengen.

“Entuuut …”

Lik Kio angkat tangan tengen.

Entuuut …

Lik Kio mentheleng …

Entuuut …”

Mergo gayeng banget, Lurahé Mukidi karo Pak […] nganti metu seko Balé Déso, nyedhak kerumunan. Malah ndesel-ndesel terus nyedhaki Lik Kio sing nang tengah-tengah penonton. Paké Tholé terus mandek nabuh  kencrènganè: “Sugeng sonten Pak Lur ….” Hening.

Lurahé Mukidi njawab kalem: “Nggih Pak Tholé...” Jebul ora mung mandek njawab sapaan Paké Tholé, Lurahé Mukidi malah siap-siap pidato: “Bapak-ibu-sedhèrèk-sedhèrèk …. Monggo mulai sakmeniko ayo urip berdamai lan berdampingan kaliyan virus, amargi …

Ujug-ujug waé tanpo komando Lik Kio sing ngadeg nang sampingé Lurahé kuwi, kertas sing nang tangan kiwo diuncalké dhuwur-dhuwur sing terus mabur-nlgéyang digondhol angin, terus tanpo nunggu kencrèngan seko Paké Tholé Lik Kio angkat tangan tengen dhuwur-dhuwur! Saiki itambah karo pecingas-pecingis, ora mentheleng manèh. Langsung waé penonton  nyahut: “Entuuut …”

Lik Kio angkat tangan tengen manèh!

Entuuut …!”

Lik Kio pecingas-pecingis ....

Entuuut .....” Plok ... plok ....plok ...

Bar kuwi penonton terus kompak podho balik kanan, bubar jalan. Ninggalké Lurahé Mukidi lan Pak […] plonga-plongo, celila-celili dhéwé nang tengah-tengah lapangan. Lik Kio terus mlaku alon-alon nang Paké Tholé. Mlaku alon karo gèdag-gèdèg ngiwo nengen, plirak-plirik ngiwo nengen, mésam-mèsem ngiwo-nengen sajak koyo yak-yak-o kaé. Wah jan nèk pas ngono kuwi wis … wis … koyo-koyo-o nggantheng-nggantheng-o dhéwé. Ning yo tetep karo mésam-mèsem-pecingas-pecingis khas gaya Lik Kio kaé, cuk. Sing kuwi ora iso kèri nèk bar péntas. Ora iso lali. Kudu. *** (15-05-2020)

Lik Kio Baca Puisi