www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

28-10-2019

Suwé-suwé tambah akèh wong-wong kumpul nang Balai Désa. Keponakané Koh Bos malah wis ndodok nang ngarep dhéwé. Yu Yatmi ‘mie ayam’ nganti tutup warung mèlu-mèlu nang Balai Désa. Penasaran. Totok nang Kang Yos: “Kang kaé kok gayeng ono opo?”

“Gladi resik Tok ...”

“Ono opo?”

Cak Babo sing njawab: “Sésuk arep diumumké wakil-wakil kadus Tok ...”

Koh Bos: “Lhaahhh, aèng-aèng waé kadus ono wakilé ....”

“Bagi-bagi rejeki Koh ...,” Kang Yos nerangké singkat.

Ujug-ujug waé ‘penonton’ tepuk tangan. Penasaran Totok ancik-ancik bangku mèlu ndelok, Lurahé Mukidi gèk posisi nyekel mik karo gaya mekangkang. “Waduh, gayané Lurahé Lik .....” Likwan penasaran, mèlu-mèlu ancik-ancik bangku: “Hè’èh Tok, kaé gaya opo kok mekangkang barang ...”

“Gaya kebelet Lik ...”

Penonton saiki ora mung keplok ning tambah guneman kompak: “Woooo ....”

Lurahé bar waé olèh masukan seko Mas D nèk gaya mekangkang ora pas, kurang jos. Lurahé ganti gaya: klékaran. “Woooo ...,’ gaya kuwi sing marahi penonton tambah gayeng. Gaya klékaran karo tangan kiwo nyekel mik, terus ngumumké wakil-wakil kadus. Mas D unjuk koreksi manèh. Ning kétoké Lurahé ora seneng kakèhan dikoreksi: “Lho sing penting kan pengumumané nang rakyat désa to Mas ....” Ngono kiro-kiro Lurahé ngèyèl nang Mas D. “Prosès ora penting ....’ Lurahé neruské.

Jebul soal gaya klékaran kuwi Mas D yo tetep gèdhèg kenceng. Lurahé manut terus ganti gaya. Saiki gaya: kayang! Lurahé unjuk kemampuan kayang karo tangan kiwo nyekel mik. Penonton tambah heboh. Plok ... plok .... plok ... syuit ... syuit ... Lurahé tambah semangat. “Wah ... bombongan tenan arèk iki ....,” Cak Babo nylethuk.

“Hè’èh Cak ...”

“Lik Kio[*] oleh saingan anyar ki ...”

“Hè’èh Cak .....” *** (28-10-2019)

 

[*] https://www.pergerakankebangsaan

.com/232-Pinokio-Numpak-KRL/

Lik Kio

Lan Saingan-e

gallery/kayang