www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

10-10-2019

Cak Napoleon wis tau omong ngéné: “When small men attempt great enterprises, they always end by reducing them to the level of their mediocrity.” Kang Yos gèk ndongèng nang ngarepé Totok.

“Maksudé ......,” Totok penasaran.

“Maksudé opo Koh ....,” Kang Yos lempar nang Koh Bos, sing nèk pas omong boso Londo wis pokoké ca-cis-cus. Jos gandhos cuk.

Cak Babo sing ambil posisi: “Maksudé Tok ... ‘ayo komit ... ayo komit’ [1]...” Cak Babo nggoda Totok, ‘anggota’ sing paling cilik.

“Halaaaah ... kuwi kan laguné Kang Yos ...” Totok karo pecingas-pecingis mlirik nang Kang Yos.

“Lhoooo bener kuwi Tok ......,” Likwan nimpali serius.

“Maksudé Likwan Tok, pemimpin kuwi ojo mung sibuk omong komat-komit waé ....,” Nyah Ndut tampil njelaské.

“Jebulé mung ngibul waé .... Ngono yo Nyah,” Totok mulai paham. “Lha sing koyo ngono kuwi kok iso dadi pemimpin?” Totok tambah penasaran.

Koh Bos: “Urik kuwi ...”

“Uriké pol-pol-an yo Koh .....,” Totok tambah paham.

“Hè’èh .....”

“Lha terus omongan Cak Nap kuwi maksudé opo Kang ....,” Totok balik nagih penjelasan nang Kang Yos. Njaluk penjelasan manèh.

“Maksudé opo Koh ....,” Kang Yos lémpar nang Koh Bos manèh.

Cak Babo sing ambil posisi manèh: “Maksudé Tok ... ‘ayo komit ... ayo komit’...”

“Halaaaah ... kuwi kan laguné Kang Yos ...”

“Lhoooo bener kuwi Tok ......,” Likwan nimpali maneh kanthi serius.

“Maksudé Likwan Tok, pemimpin kuwi ojo mung sibuk omong komat-komit waé ....,” Nyah Ndut njelaské manèh.

“Jebulé mung ngibul waé .... Ngono yo Nyah .... Lha sing koyo ngono kuwi kok iso dadi pemimpin?”

“Urik kuwi ...”

“Uriké pol-pol-an yo Koh ......”

“Hè’èh .....”

Ujug-ujug waé Totok ujar karo inguk-inguk karo tunjuk jari: “Lha kaé Pak’é Tholé ...”

“Mak’é Tholé mèlu opo ora?” Nyah Ndut takon karo mèlu inguk-inguk.

“Mèlu Nyah, kaé nggéndong Lik Kio[2] ..... “ *** (10-10-2019)

 

[1] https://www.pergerakankebangsaan

.com/405-Ayo-Komit-nang-Kebon/

[2] https://www.pergerakankebangsaan

.com/232-Pinokio-Numpak-KRL/

Cak Nap Bener, Cuk ...

gallery/pinokio2