www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

04-10-2019

Pak Dalang Wayang Kampoeng Sebelahan, Mas Par [1] wis lungguh sila siap-siap ber-aksi. Nyruput kopi lan nyumet udut, terus crèk-crèk-crèk-crèk-crèk-drodog-dog-dog-dog, diteruské drum campur gamelan lan gitar listrik. Meriah abis. Mas Par njupuk gunungan, angkat, trus dimainkan kanthi trampil, ngalor ngidul ngétan ngulon, diputer-dibanting-munggah-medhun-digoyang-maju-mundur, pokoké komplit cuk. Mas Par terus lanjut ujar nganggo suoro nge-bassé karo gunungan digawé ndredeg-ndredeg munggah medhun koyo-koyo’o mabur: “Mulo bukané .... mulo bukané .... Alfa-oméga ..... Alfa-oméga ....” Crèk- crèk-crèk-crèk-crèk. Diteruské nganggo boso Indonesia: “Pada awalnya adalah ......” Langsung disambung kabèh penonton bareng-bareng mbengok banter karo tunjuk jari nang geber: “Uriiik ...!”

Lakon Urip (Ora) Mung Mampir Urik wis digelar gratis-tis karo Mas Par wis ping papat iki, mulai tahun 2004, 2009, 2014, lan terakhir tahun 2019. Biasané digelar sesasi bar coblosan. Ning penonton dadi gayeng nyahut ‘pada awalnya adalah ...’ karo bareng-bareng kompak mbengok ‘uriiik’ kuwi yo gèk mulai tahun 2014. Tahun 2009 yo wis ono celetukan bareng, ning jelas durung ‘membahana’ lan ‘menggetarkan’ koyo sing tahu 2019 iki. Gelaran tahun 2019 selain pancèn sing nonton mbludak, mbengok ‘urik’-é wis sak kemengé banteré, top-markatop cuk. Nganti njaluk dibalèni: “Ulaaang!” Ngono cuk polahé penonton né kompak mbengok bareng. Dadi Pak Parman mbalèni ujar manèh nganggo suaro bass-é: “Pada awalnya adalah ....” Disahut kenceng manèh karo penonton: “Uriiik ...”

“Wah gayeng ki lakoné Kang .....,” Cak Babo nylethuk nang Kang Yos.

“Tunggu ngko nèk Bagongé metu Cak ,” Totok nimbrung.

“Ono opo Kang ...,” Likwan melu penasaran.

“Tunggu waé Lik .... sedhelok manèh ...” Kang Yos karo plendas-plendus isep rokok Magnum ireng.

Crèk- crèk-crèk-crèk-crèk-dung-drodog-dog-dog-dog. Pétruk metu, terus Garèng lan Bagong. Petruk nang Bagong: “Gong iki ono titipan Lurahé kon ngumumké juara lomba cipta lagu [2] ...”

Bagong: “Sip sip sip ....”

Gareng: “Sing menang sopo ....”

Bagong: “Kuwi lomba dalam rangka opo Truk?”

Pétruk: “Lomba dalam rangka Mukidi Ribon. Lurahé ngimpi lahir manèh lan anèhé Gong, pas bayi ora oèk-oèk-oèk ning langsung iso omong komit .....”

Bagong: “...Men ....., langsung iso omong komit-men Truk..”

“Hè’èh Gong ...”

“Langsung nyanyi waé Truk ... penonton yo olèh melu nyanyi lho ...”

Pétruk siap-siap, terus nyanyi karo tangané diobah-obahké Mas Par, Pak Dalang: “Ayo komit ..... ayo komit ....” Ora ngiro penonton langsung nyahut lan kompak nyanyi karo ngacungké tangan kiwo: “nang kebon .... nang kebon .....

Bagong unjuk maju: “Tak teruské yo Truk ..... Tutupi godhong pring ... tutupi godhong pring ....”

Penonton kompak karo ngacungké tangan kiwo: “Bèn garing ... bèn garing ....” Plok-plok-plok.

Koh Bos nang Kang Yos: “Wah pancèn gayeng tenan Kang ....”

“Hè’èh Koh ....”

Pak Dalang terus lanjut, Garèng: “Truk, lombané kuwi nganggo urik opo ora?”

Bagong: “Ora Rèng, lha wong sing mèlu mung siji dadi yo langsung menang ...:"

Pétruk: “Ngono yo Gong .... Ning pancèn laguné gayeng tenan kok, mak-nyosss Gong ...”

Garèng: “Bedo karo Lurahé Mukidi yo Truk ...:"

Ujug-ujug wae Pétruk digenjot karo Pak Dalang, crèk- crèk-crèk-crèk-crèk -drodog-dog-dog-dog, tangan pethakilan njogèt ora karu-karuan koyo wong kesurupan ..., mandeg pethakilané Petruk langsung ujar banter: “Mulo bukané .... mulo bukané ..... alfa-omega ....... alfa-omega ...... Pada awalnya adalah .....”

Penonton kompak karo angkat tangan kiwo bareng-bareng mbengok gemes, driji nunjuk nang Pétruk: “Uriiik ....!” *** (04-10-2019)

 

[1] Nyuwun pangapuntem kagem Mas Parman kalian sedoyo bolo-kurowo WKS

[2] https://www.pergerakankebangsaan.

com/405-Ayo-Komit-nang-Kebon/

Urip (Ora) Mung Mampir Urik

gallery/pinokio2
gallery/petruk