www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

16-06-2019

“Asliné sing ngamuk-ngamuk ki dudu Lurahé, Kang ...,” Cak Babo omong nang kang Yos.

“Lha sopo jan-jané sing ngamuk kuwi, Cak ...,” Totok sing takon.

“Pak [....] karo Kang [....], kuwi sing asliné ngamuk-ngamuk Tok.”

“O pantes kuwi Cak, wong-wong kuwi kan bandaré Lurahé seko mbiyèn..,” Koh Bos mèlu nimbrung.

Likwan sing isih rodo bingung takon nang Cak Babo: “Ngamuk-ngamuk soal opo to iki ..”

“Soal Pil-lur wingi lho Lik,” Totok sing njawab.

Cak Babo ambil posisi serius mulai nerangké: “Asliné sing arep digandèng dadi wakil kan kuwi, Si [-----] to Lik .....”

Si [-----]?! Sing omongané kasar kuwi?” Likwan mestèké karo gethem-gethem.

“Lha kuwi Lik, mergo ngerti warga wis neg karo gayané Si [-----] terus banting stir sing digandèng Mbah [......], sing kétok adem-ayem-alim, Lik ...., jebulé .... jebulé  “

Kang Yos: “Mbah [......] kuwi isih njabat dadi Pengawas nang KUDus, Lik.”

“KUDus kuwi opo Kang?” Likwan takon nang Kang Yos.

“Koperasi Unit Dusun, Lik,” Totok sing njawab.

“Anak perusahaané KUD sing nang pojok dalan kaé,” Koh Bos nambahi keterangan.

“Ora mung siji KUDus, loro Lik,” Totok nambahi.

“Dadi aturané, nek isih njabat nang KUDus kuwi ora oleh nyalon, ngono yo Tok...”

“Hè’èh Lik ..”

“Pantes Pak [......] karo  Kang [ ..... ] ngamuk-ngamuk karo Mas Béwé .....”

“Persis Lik, Mas Béwé sing mbongkar kuwi ...”

“Ning asliné Lik, jan-jané masalah kuwi yo arep dibongkar dhéwé karo Pak [ .... ] lan Kang [ ...... ] Lik,” Kang Yos mulai unjuk analisa.

“Lha, genahé piyé Kang ...,” Cak Babo mèlu penasaran.

“Bar pelantikan, dadi wis resmi Cak, ngko nunggu wektu sing pas, kuwi dibongkar dhéwé karo Pak [ ..... ] lan Kang [ ...... ]. Bar kuwi terus diobok-obok dhéwé, terus Mbah [....] kan dadi kepekso mundur, lan terus diganti karo Si [ ----- ] kuwi,” Kang Yos manteb omongané.

“Wah, sekali dayung dua pulau, Kang ...,” Likwan mulai unjuk analisa ugo.

“Maksudé piyé Lik?” Totok penasaran.

“Sepisan, Si [ ----- ] kelakon dadi wakil lurah.”

“Hè’èh Lik, terus sing liyané?” Totok dadi ora sabar.

“Kowé ngerti to seko mbiyèn Pak [ .... ] lan Kang [ ..... ] kuwi senengané kan nyinyir karo sing urip alim to .....”

“Hè’èh Lik, bener kuwi. Mbuh karepé opo kuwi ...,” Cak Babo nambahi keterangan.

“Terus piyé soal ndayung dua pulau mau kuwi Lik ...,” Totok takon karo kukur-kukur sirah. Penasaran.

“Lha kan terus ono kesempatan mblesek-mbleseké Mbah [ ...... ] to Tok.”

“O yo bener Lik. Nèk ora kebongkar karo Mas Béwé saiki, suk-mbèn nèk wis wayahé iso diblesek-bleseké sak kemengé kuwi ..,” Totok tambah semangat mèlu nganalisa.

“Diblesek-bleseké karo Pak [ ... ] lan Kang [ ..... ] dhéwé Tok ... bar diobok-obok terus diolok-olok entèk-entèkan ngko kuwi ... wis sak-kemeng-é tenan ngko kuwi ....,” Likwan ujar.

“Siaran radio suk nèk pas wektuné kuwi ngko isiné iso-iso bola-bali-siaran-ulang soal kemaruk, serakah, kadonyan, sok alim ... Wis komplit sego-endog-iwak-pitik,” Kang Yos mèlu tambah semangat ngomentari.

“Hè’èh Kang, solitik angkat - banting  .....”[1]

Machiavelli[2], dab ...,” Koh Bos mèlu nimbrung analisa. *** (16-06-2019)

 

[1] https://www.pergerakankebangsaan.com/108-Angkat-dan-Banting/

[2] https://www.pergerakankebangsaan.com/103-Hitam-putih-nya-Kekuasaan/

Mukidi

Ngamuk-ngamuk