www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

05-04-2019

“Wis jan urik tenan Lurahé Mukidi Lik,” Koh Bos nggresulo nang Likwan.

“Hè’èh Koh ...,” Likwan njawab karo gèdèg-gèdèg.

“Njegal ... ndorong seko mburi ....,” Totok nambahi ‘keterangan situasi’.

“Ooo ora mung kuwi Tok, nyodhok kiwo tengen ....,” Cak Babo nambah ‘laporan pandangan mata’.

“Narik kaos ... narik kathok,  wis jan gemblung tenan kaé,” Kang Yos urun laporan.

“Malah mlotroké kathok barang Kang,” Totok nambahi laporané Kang Yos.

Nang cakruk pancèn gèk gayeng ngrembug bab bal-balan persahabatan, wingi soré. Nyah Ndut mèlu komentar: “Lha kan ono wasité to ....”

‘Wasité yo mèlu-mèlu gemblung Nyah ....,” Likwan njelaské nang Nyah Ndut.

Totok: “Jebul ora nggowo kartu kuning lan kartu merah, Nyah.”

Kang Yos: “Omongé ketlingsut mbuh nang ndi. Wis, pecas ndahé tenan Nyah ....”

Nyah Ndut: “Lha opo ora protés ...”

Likwan : ”Uwis Nyah ...”

 

Koh Bos: “Waaah, protés malah dipenthelengi Nyah ...”

 

“Sopo sing penthelang-pentheleng kuwi Koh ...”

 

“Kuwi Pak Lu’ut. Wis jan nggathèli tenan Nyah.”

 

Nyah Ndut: “Lha, kelakuan ngono kok Lurahé Mukidi njaluk dua periode. Nggamblèhi tenan yo Koh...”

 

Koh Bos: “Hè’èh Nyah .... Rai gedèg!”

 

Nyah Ndut: “Bal-balan koyo ngono kuwi nèk dituruti, Lurahé Mukidi iso menang 57 lawan 0 Koh ...”

 

Koh Bos: “Hè’èh Nyah .... Iso kuwi.”

 

Nyah Ndut: “Mungkin bandaré pancèn njaluké 57 - 0.”

 

Koh Bos: “Hè’èh .... Iso kuwi.”

 

Nyah Ndut: “Kelakuan ngono njaluk rong periode ...”

 

Koh Bos: “Hè’èh Nyah ...”

 

Totok: “Lha rong minggu ngarep milih Lurahé Mukidi Nyah?”

 

Nyah Ndut: “Ora sudi Tok. Kan ngono to Koh ...”

 

Koh Bos: “Hè’èh Nyah ....”

 

Nyah Ndut: “Ngrusak tatanan waé ... Ngono to Koh ...”

 

“Hè’èh Nyah ....”

 

Nyah Ndut: “Pethunthang-pethunthung .... koyo yak-yak-o wae ...”

 

Kang Yos: “Di-yak-i bal tenan jebul lusut terus ....”

 

Nyah Ndut: “Terus njegal ..., narik kaos ..., mlotroké kathok.... Wis jan nggathèli tenan kuwi. Kan ngono yo Koh ...”

 

“Hè’èh Nyah ..... “

 

“Nèk diprotés terus gagé lapor Pak Lu’ut”

 

“Hè’èh Nyah .... “

 

“Trus Pak Lu’uté penthelang-pentheleng ...”

 

“Hè’èh Nyah .. “

 

“Lha ngono kok njaluk rong periode. Wis jan nggathèli tenan kuwi ....

 

“Hè’èh Nyah. “ *** (05-04-2019)

Urik (Banget)

gallery/football fihgt