www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

23-03-2019

Empat Setengah Tahun

Empat Setengah Tahun Ini .....

Saya boleh dijelek-jelekkan, tetapi saya tidak akan diam jika republik dijelek-jelekkan,

Empat Setengah Tahun Ini .....

Saya boleh dicela-cela, tetapi saya tidak akan diam jika republik dicela-cela,

Empat Setengah Tahun Ini .....

Saya boleh direndah-rendahkan, tetapi saya tidak akan diam jika republik direndah-rendahkan,

Empat Setengah Tahun Ini .....

Saya boleh dihujat-hujat, tetapi saya tidak akan diam jika republik dihujat-hujat,

Empat Setengah Tahun Ini .....

Saya boleh dihina-hina, tetapi saya tidak akan diam jika republik dihina-hina,

Hari ini di New York,

Hari ini di sini

di Markas Besar PBB ini, saya sampaikan

saya akan lawan .....

"Bela Negara"

“Koh ... lagi moco opo koq serius banget,” Likwan takon nang Koh Bos.

“Iki lho Lik, puisiné Cik Mémé, tugas kursus bela negara ...,” Koh Bos nyerahké lembar kertas karo ucek-ucek mripat.

Totok rodo usil: “Lho Koh ..... kok ndadak terharu barang .......”

Likwan sing komentar: “Iki lho Tok, woconen dhéwé puisiné Cik Mémé iki ...”

“Cik Mémé sing dodol lumpia kaé Koh?” Totok takon nang Koh Bos sembari nompo lembar kertas puisiné Cik Mémé seko Likwan.

“Ora Tok, Cik Mémé tonggoku sak RT, mbiyèn kakak kelas pas SMA ...,” jawab Koh Bos. Kang Yos karo Cak Babo mèlu-mèlu moco puisiné Cik Mémé bareng karo Totok.

Kang Yos terus takon nang Koh Bos: “Koh, kok nang Nyu Yok, ora sing nang Jogja to ....”

Dijawab karo Koh Bos: “Puisi sing nang Jogja kaé kan judulé jan-jané kan ngéné Kang, ‘Papat Setengah Tahun Udel-KU Di-Ithik-Ithik’ .....” Terharuné Koh Bos kétoké wis rampung, saiki malah dadi sebel.

“Dadi sing nang Jogja kaé kuwi bab udel yo Koh ....”

“Yo bener Kang, dudu soal republik. Ning kaé soal udel-udel-é dhéwé waé ... Penthunthang-pethunthung wis jan koyo yak-yak-o waé, di-yak-i tenan soal republik ngko yo mesti lusut waé kuwi .... Soal udel-udelé dhéwé waé kuwi Kang , wis jan njelèhi tenan kuwi .....”

“Asliné kon mikir republik yo ora nyandhak, ngono yo Koh ...,” Totok nyambung.

“Hè’èh Tok ....” *** (23-03-2019)

gallery/pbb

Markas Besar PBB

New York