www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

21-03-2019

Lagi thongkrongan nang cakruk, ujug-ujug waé Lurahe Mukidi nyedhak, lan terus ujar sok akrab: “Wah santai ngopi-ngopi yooo, aku siji Nyah .....” Pak Lurah Mukidi pesen kopi nang Nyah Ndut. Nyah Ndut : “Oké ... Oké ...”

 

 

 

 

 

Totok langsung ‘protés’: “Lho Pak Lur kan mboten ngunjuk kopi ......”

Langsung dijawab Lurahé: “Lha kuwi nèk nang ngarepé cah-cah SD, Tok ....” Diteruské omong nang Koh Bos: “Piyé kabaré Koh .... Bapak-ibu séhat too ...”

Jawab Koh Bos: “Nggih Pak Lur, séhat .... Biasa, tasih bikak toko ...”

Lurah Mukidi: “Wooo podho Koh, Bapakku mbiyèn yo bukak toko ugo ... Kang Yos, piyé bapak-ibu .....”

 

 

 

 

 

Kang Yos: “Séhat Pak Lur, wau ènjang tekan siang kulo tasih bantu Bapak macul sawah ...”

Lurah Mukidi: “Wooo podho Kang, Bapakku mbiyèn yo tani, macul ugo ... Lha nèk Cak Babo, piyé kabaré Bapak-ibu ....”

 

 

 

 

Cak Babo: “ Séhat Pak Lur, tasih maringi kuliah wonten universitas .....”

Lurah Mukidi: “Wooo podho Cak, Bapakku mbiyèn yo dosén, malah ceritoné bapak kerep digoda karo mahasiswiné..... Lha nèk kowé piyé Tok, kabaré Bapak-ibu ....”

 

 

 

 

 

Totok: “Bapak tasih nyopir truk Pak Lur, Ibu tasih warungan ...”

Lurah Mukidi: “Wooo podho Tok, Bapakku mbiyèn yo sopir truk ... Lha kabaré bapak-ibu piyé Lik?” Lurahe Mukidi takon nang Likwan.

 

 

 

 

 

Jawab Likwan: “Bapak seminggu wingi sampun medal saking penjoro Pak Lur.....”

Lurah Mukidi: “Wooo podho Lik, Bapakku mbiyèn yo tau mlebu penjoro .... éh ora ... ora, klèru Lik ... bapak mbiyèn kuwi sipiré penjoro Lik.” Lurahé Mukidi terus pamit, cepet-cepet balik kanan mulih. Ketoké terus dadi mules dhéwé.

 

 

 

 

Totok takon nang Likwan: “Lho Lik, Bapaké Likwan kan prajurit ...”

Jawab Likwan: “Hè’è Tok, pancèn .... senep waé ndelok Lurahé ... Lha Bapakmu kan Bis malem-an, ora tau nyekel truk ....”

Jawab Totok: “Podho Lik, senep waé ndelok Lurahé .... hé ...hé ....hé... Blas ora jelas Lurahé Lik .... Isiné nggedebus thok ....” Kok Bos ninmbrung: “Isih bejo ora ditakoni lahiré nang ndi ....”

“Nang ndhi Koh?” Cak Babo nggoda.

“Nang pinggir kaliii ........,” Totok sing njawab.

Cak Babo terus ujar nang Nyah Ndut: “Nyah, radioné disetèl waé, nggo gayeng-gayeng ....”

 

 

 

 

 

Nyah Ndut nyetèl radio, cènel 1: “Sedèyèk-sedèyèk ...” Ganti cènel 2: “Bapakku mbiyèn ....” Ganti cènel 3: “Kerjaanné .....” Nyah Ndut terus ujar: “Cak, nyetèl radioné ngko limang menit manèh waé yooo .... Ki gèk siaran ulang Lurahé .... Limang menit radio iki ngko jelas isiné nggedebus thok, ngko ndak marahi mules waé .....”

Kompak dho njawab: “Okélah kalo begitu .....*** (21-03-2019)

Ups, Ketemu Pak Lurah Mukidi

gallery/kopi
gallery/toko
gallery/tanisawah
gallery/dosen
gallery/sopir truk
gallery/borgol
gallery/radio oldies