www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

22-4-2018

Seko kadohan Likwan weruh ono ribut-ribut nang dalan tengah kampung. Likwan télpon Totok: “Tok, nang ndi ...?” Totok jawab: “Iki Lik, nang mie ayam sisan nonton rombongan Lurahé Mukidi”.

“Nang dalan ramé-ramé kuwi?” Likwan penasaran

“Iyo Lik, ramé soalé Lurahé nyebar bingkisan hé hé hé,” Totok njelaské.

“Lha Lurahé kok ra kétok seko kéné Tok?”

“Kétoké soko kono ketutupan Nyah Ndut, Lik.”

“Nyah Ndut yo mèlu antré?”

“Jan-jané yo ora Lik. Nyah Ndut kan mulih seko pasar....”

“Wah, Lurahé Mukidi rodo nglunjak kuwi Tok.”

“Pancèn Lik. Mbiyèn pas nyalon Lurah Lik..., kèlingan opo ora? Wis nèk pas aksi cium tangan, njelèhi tenan kuwi Lik. Nèk Nyah Ndut ora narik tangan, iso-iso ora mung di cup-cup-cup Lik, didilat iso kuwi...”

“Podho pas sowan nang Komandané, Tok”

“Bener Lik. Pas nyalon nang Komandané mbiyèn yo cium-cium tangan, cup-cup-cup ngono kuwi...”

“Ning pas karo Komandané cium-tangané kok mung sedhelok thok, ono nopo Tok?”

“Lha nèk kuwi aku ngerti persis, Lik. Komandané jan-jané ditekani Mukidi pas resik-resik kandang pitik wektu kuwi. Mungkin mergo kesusu, ora resik cuci-tangané...”

“Ning kaé mbagi bingkisané wis ora diuncal-uncalké seko njero mobil manèh Tok. Kemajuan Lurahé...”

“Lha arep nyalon manèh kok Lik.... Cari muka. Sadar nèk pas ono karepé...”

“Bar kepilih manèh.....”

“Balik maning Lik, ngko mesti tetep balik sajak yak-yak-o kaé. Pethunthang-pethunthung, uncal-uncal bingkisan manèh ..... Padahal nèk ditakoni sing serius --iki aku weruh dhéwé Lik,  njawabé grothal-grathul ... ona-anu-ona-anu waé ...... blas ora mutu Lik ..., kétok nèk poya-mol tenan kaé ...”

“Watak, Tok...”

“Persis Lik. Lara watuk gampang obaté, ning nèk watak....angél kuwi.”

“Kecuali TBC, Tok..... Lha suk milih Mukidi ora Tok?”

“Ora Lik, ora sudi! Mémangé .....” ***

 

(22-4-2018)

 

Mukidi Dadi Ratu (2)