www.pergerakankebangsaaan.com

gallery/eye

Rai

5-4-2018

“Piyȅ iki dab, lha aku iki kok akȅh sing ngarani otoriter, diktator. Wis jan gombal tenan kuwi. Rai koyo ngéné kok iso-isoné otoriter!” Jokotholé nggresulo karo Likwan.

“Lha piyé to asliné ....,” Likwan nyambung

“Asliné kuwi nang endi-endi aku selalu, always mésam-mȅsem lho. Selalu tersenyum,” lanjut Jokotholé. “Aku iki demokrat sejati!!” karo penthelang-pentheleng Jokotholé rodo njengat.

Demokrat asli kuwi Jok ...”

“Asli....piyé to ..... Delok manȅh to alon-alon rai-ku iki... Nȅk perlu delok seko ngisor.....”

“Coba karo mȅsem Jok....” Likwan jan-jané yo rodo mulai ‘nakal’. Ora rumungso digarap Likwan, Jokotholé terus pasang aksi senyum. Likwan jan-jané arep ngguyu, tapi ditahan -dadiné malah kepentut-pentut. Lha pancȅn ....., nȅk ndelok potongané seko adoh, pancȅn cah rodo bagus kuwi ketoké ra gableg dadi diktator.

“Masalahé ngéné Jok ...,” Likwan omong karo ngunjal ambegan. “Dadi otoriter kuwi ora ono urusané karo rai. Ora ono hubungané karo senyam-senyum....”

“Ora iso Lik. Nang kartun-kartun kaé nȅk otoriter mesti digambar rainé rai medȅni, menakutkan....hiiiii,” sambung Jokotholé karo bergaya sok Tȅsi.

“Kui kan kartun ... Mugakno Jok, moco ki ojo mung moco kartun waé. Liyané  ugo diwoco...” Likwan lanjut: “Dadi otoriter kuwi didelok seko ......”

“Ora.....ora, Lik. Tetep nomer siji ki masalah rai. Senyam-senyum kuwi yo nȅmplȅk nang rai. Dadi tetap masalah rai.....”

“Ngéné Jok. Nȅk kono omong nang ngarepé wong akȅh nȅk soal otoriter kuwi masalah rai, kuwi ngenyȅk intelektualitas.....”

“Wis to, percoyo waé to Lik .... Aku ki dikandani karo kang  [........] ngono kuwi. Kang [........] kuwi joss gandhosss-maknyuss banget lho Lik.” Jokotholé mingser karo unjuk jempol tangan. Tangan loro – jempol loro. “Dadi percoyo waé. Sepisan manȅh Lik, iki masalah rai....”

Likwan mundur sedhȅlok njupuk rokok Gudang Garam Filter International. Njupuk siji ....... nikmaaat, karo rodo nggrundel: “Rai-mu kuwi  .... Pecas ndahé dab......” (5-4-2018)

gallery/mask